Home

Alkitab dalam bahasa Suku di Indonesia

Halaman ini berisi puluhan proyek Alkitab dalam bahasa-bahasa suku di Indonesia.

Silakan kunjungi halaman SUKU.sabda.org untuk mendapatkan bahan-bahan suku yang lebih lengkap.


Ayat:
diglot paralel

JAWA2006

Versi Utama: Tampilkan Gambar
Catatan: Tanda ≡ berarti memiliki teks Alkitab. Tanda Ω berarti memiliki audio Alkitab.

  Boks Temuan

1:1 Iki sarasilahé Yésus Kristus, tedhaké Daud, tedhaké Abraham.

1:2 Abraham peputra Ishak, Ishak peputra Yakub, Yakub peputra Yéhuda sasadhèrèké;

1:3 Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah, patutan saka Tamar; Pèrès peputra Hèzron, Hèzron peputra Ram;

1:4 Ram peputra Aminadab, Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon;

1:5 Salmon peputra Boas patutan saka Rahab; Boas peputra Obèd patutan saka Rut; Obèd peputra Isai,

1:6 Isai peputra Daud, Daud peputra Salomo, patutan saka tilas bojoné Uria,

1:7 Salomo peputra Réhabéam, Réhabéam peputra Abia, Abia peputra Asa,

1:8 Asa peputra Yosafat, Yosafat peputra Yoram, Yoram peputra Uzia;

1:9 Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra Hizkia;

1:10 Hizkia peputra Manasyé, Manasyé peputra Amon, Amon peputra Yosia;

1:11 Yosia peputra Yékhonya sasadhèrèké, nalika jaman pambuwangan menyang Babil.

1:12 Sawusé jaman pambuwangan menyang Babil, Yékhonya peputra Séaltièl, Séaltièl peputra Zèrubabél;

1:13 Zèrubabél peputra Abihud, Abihud peputra Élyakim, Élyakim peputra Azor;

1:14 Azor peputra Zadok, Zadok peputra Akhim, Akhim peputra Éliud;

1:15 Éliud peputra Éléazar, Éléazar peputra Matan, Matan peputra Yakub;

1:16 Yakub peputra Yusuf bojoné Maria, kang mbabar Yésus, kang sinebut Kristus.

1:17 Dadi gunggungé saka Abraham tumeka Daud iku ana patbelas turunan, saka Daud tumeka jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan.

1:18 Anadéné wiyosé Yésus Kristus iku kalakoné mangkéné: Nalika Maria kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurungé tunggal sapaturon, tinemu wis ngandheg marga saka Roh Suci.

1:19 Sarèhné Yusuf bojoné iku wong mursid sarta ora gelem mirangaké Maria ana ing ngarepé wong akèh, mulané sumedya medhot pacangané kanthi sesidheman.

1:20 Nanging bareng lagi duwé gagasan mangkono iku, tumuli ana malaékating Pangéran ngatingali sajroning pangimpèn, dhawuhé, "Hé, Yusuf, tedhaké Daud, aja sumelang anggonmu ngepèk Maria dadi bojomu, awit Putra kang kabobotaké iku marga saka Roh Suci,

1:21 sarta Maria bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yésus; awit iya iku kang bakal ngluwari umaté saka ing dosané."

1:22 Iku mau kabèh kelakon supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran lantaran nabi, mangkéné,

1:23 "Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmané bakal sinebut Imanuèl, tegesé: Allah nunggil kalawan kita."

1:24 Satanginé turu, Yusuf banjur ngèstokaké kayadéné kang kadhawuhaké déning malaékating Pangéran, lan nampani Maria dadi bojoné,

1:25 nanging ora diwori turu, nganti tumekané wus mbabar putra, kang banjur dinamakaké Yésus.



TIP #26: Perkuat kehidupan spiritual harian Anda dengan Bacaan Alkitab Harian. [SEMUA]
dibuat dalam 0.03 detik
dipersembahkan oleh YLSA