Home

Alkitab dalam bahasa Suku di Indonesia

Halaman ini berisi puluhan proyek Alkitab dalam bahasa-bahasa suku di Indonesia.

Silakan kunjungi halaman SUKU.sabda.org untuk mendapatkan bahan-bahan suku yang lebih lengkap.


Ayat:
diglot paralel

JAWA2

Versi Utama: Tampilkan Gambar
Catatan: Tanda ≡ berarti memiliki teks Alkitab. Tanda Ω berarti memiliki audio Alkitab.

  Boks Temuan

1:1 Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus. Gusti Yésus kuwi tedhak-turuné Prabu Dawud. Prabu Dawud tedhak-turuné Bapak Abraham.

1:2 Bapak Abraham peputra Iskak. Iskak peputra Yakub. Yakub peputra Yéhuda sasedulur.

1:3 Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah, patutan saka Tamar; Pèrès peputra Hèzron. Hèzron peputra Ram.

1:4 Ram peputra Aminadab. Aminadab peputra Nahason. Nahason peputra Salmon.

1:5 Salmon peputra Boas, patutan saka Rahab. Boas peputra Obèd, patutan saka Rut. Obèd peputra Isai.

1:6 Isai peputra Dawud. Dawud peputra Suléman, patutan saka tilas bojoné Uria.

1:7 Suléman peputra Réhabéam. Réhabéam peputra Abia. Abia peputra Asa.

1:8 Asa peputra Yosafat. Yosafat peputra Yoram. Yoram peputra Uzia.

1:9 Uzia peputra Yotam. Yotam peputra Akhas. Akhas peputra Hizkia.

1:10 Hizkia peputra Manasyè. Manasyè peputra Amon. Amon peputra Yosia.

1:11 Yosia peputra Yékhonya sasedulur. Nalika semono bangsa Israèl ana ing pembuwangan ing tanah Babil.

1:12 Ana ing tanah Babil kono Yékhonya peputra Séaltièl. Séaltièl peputra Zérubabel.

1:13 Zérubabel peputra Abihud. Abihud peputra Èlyakim. Èlyakim peputra Azur.

1:14 Azur peputra Zadhok. Zadhok peputra Akhim. Akhim peputra Éliud.

1:15 Éliud peputra Èléazar. Èléazar peputra Matan. Matan peputra Yakub.

1:16 Yakub peputra Yusuf. Yusuf kuwi garwané Maryam. Maryam iki sing mbabar Gusti Yésus, sing disebut Mèsias (Tembung Ibrani ‘Mèsiah’ kuwi basané Yunani ‘Kristus’.)

1:17 Dadi saka Bapak Abraham tekan Prabu Dawud, kabèh ana patbelas turunan, saka Prabu Dawud tekan jaman pembuwangan menyang tanah Babil ana patbelas turunan. Semono uga saka jaman pembuwangan menyang tanah Babil tekan wiyosé Sang Kristus ana patbelas turunan.

1:18 Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristus kuwi kelakoné mengkéné: Nalika Maryam ibuné Gusti Yésus isih pacangan karo Yusuf, lan durung padha ningkah, Maryam wis mbobot merga saka pangwasané Sang Roh Suci.

1:19 Sarèhné wong mursid, Yusuf ora gelem gawé wirangé Maryam ana ing ngarepé wong akèh; mula thukul gagasané arep medhot enggoné pepacangan karo Maryam mau kanthi meneng-menengan.

1:20 Nanging bareng lagi nggagas-nggagas mengkono, banjur ana Malaékaté Pangéran nemoni Yusuf sajroning impèn. Malaékat mau ngandika: "Yusuf, tedhak-turuné Dawud, kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryam dadi bojomu, awit bayi sing ana ing wetengané kuwi asalé saka pangwasané Sang Roh Suci.

1:21 Maryam bakal mbabar putra kakung. Bayi kuwi namakna Yésus, awit iya Panjenengané kuwi sing bakal nylametaké umaté saka ing dosané."

1:22 Kuwi mau kabèh supaya kelakon sing dingandikakaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné:

1:23 "Bakal ana prawan mbobot, sarta mbabar putra kakung, kang bakal dinamakaké Immanuèl." (‘Immanuèl’, kuwi basa Ibrani, tegesé: ‘Allah nunggil karo kita’.)

1:24 Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning Malaékaté Pangéran mau. Maryam banjur diningkah,

1:25 nanging ora diwori turu nganti tumekané babaran. Putrané kakung; Yusuf namakaké putra mau Yésus.



TIP #07: Klik ikon untuk mendengarkan pasal yang sedang Anda tampilkan. [SEMUA]
dibuat dalam 0.03 detik
dipersembahkan oleh YLSA